Contoh Atur Panampi Pasrah Temanten Sarimbit Acara Ngunduh Mantu

Assalamu'alaikum wrwb.

  1. Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten..
  2. Panjenenganipun Bapa H Sutoyo minangka sulih sarira saking Bapa Supeno Budi Margono-Ibu Sukini, ingkang tuhu kinurmatan.
  3. Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.

Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT - Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Gimin,  sekalian Ibu Sri Rahayu, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Supeno Budi Margono sekalian Ibu Sukini.

Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Gimin sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Supeno Budi Margono sekalian Ibu Sukini-sapendherek, 

ingkang pidalem wonten ing  ingkang pidalem ing Ngemplak Baru, Ketitang, Juwiring, Klaten.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bapa Supeno Budi Margono sekalian lumantar panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur  “wa'alaikumussalam wr.wb”

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Roro Yuni Prasetyawati, ingkang sampun kaleksanan  Ijab Qabul daup kalian Bagus Saproni, kala dinten Rabu, 3 Januari 2024,

Bp-Ibu Gimin, sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.

--- saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, temanten kekalih tumunten badhe kalenggahaken, manut tatacara lan pradatan ingkang lumampah wonten kampung mriki..

----dumateng Bapa H Sutoyo sak-penderek, kula aturi pinarak lenggah wonten papan ingkang sampung kasediaaken kanthi mardiko mardikaning manah, ngantos purnaning pahargyan. 

Panyuwunipun Bp-Ibu Gimin dalasan kulawarga, mugi panjenengan sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.

Mbok bilih samangke pahargyan sampun purna, panjenengan sarombokan bade pamit, Bapak Ibu Gimin sakulawarga namun saget atur donga pangestu, mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki ngantos dumugi dalem sowang-sowang, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken panjenengan sedaya mboten rena ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Billahittaufiq wal-hidayah,

Wassalamu ’alaikum wr.wb


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA

Pengumuman dari desa untuk semua warga masyarakat, semoga menjadikan informasi dan pemberitahuan.

Kepala Desa
0000-00-00

0000-00-00

Setiap warga masyarakat tanpa terkecuali, dimohon untuk selalu menjaga kebersihan rumah dan lingkungan, agar selalu sehat.

0000-00-00

PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

, Kec.


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


0

488

646236

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
Sukamto Priyowiyoto, S.H.
  • Kepala Desa

post-title
Agung Susanto, S.E.
  • Sekretaris Desa

post-title
Sutanti
  • Kaur Keuangan

post-title
Dwi Hananti
  • Kasi Pemerintahan

post-title
Edi Suminto
  • Kaur Umum & Perencanaan

post-title
Hendra Setyawan, S.I.Pust.
  • KASI PELAYANAN

post-title
Setu
  • KADUS NGLEGONG, KOLOTOKO

post-title
Lagiyo
  • KADUS PRAMPELAN, KEMBANG & SOKOGUNUNG

post-title
Sari Retno Ningrum
  • KASI KESEJAHTERAAN MASYARAKAT