Tuladha Atur Pasrah Kirab Boyong Temanten Kekalih

  • Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten,
  • Panjenenganipun Bapa Tono (besan) sak kalawangsa ingkang dahat kinurmatan,
  • Para rawuh kakung putri ingkang bagya mulya.

Kanti ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Agung.

Sowan kula mriki dipun saroyo dening panjenenganipun Bapa Muji Nugroho dalasan Ibu Sri Hartati ingkang pidalem wonten Godean RT.04/RW.02 Desa Sendang, Kecamatan Wonogiri, kepareng matur :

Sepisan. Ngaturaken salam taklim saking Bapak Muji Nugroho sekalian garwa dumateng Bapa Tono, lumantar Bapa Marno (paraga panampi pasrah) wonten ing Dusun Joho, Desa Jatisrono.

Kaping Kalih. Bapa Muji Nugroho sekalian hanglarapaken, nyowanaken putra temanten kekalih, nun inggih Rara Intan Septi Muji Nugroho lan Bagus Riki Gustiawan, jangkep sajodo, ingkang sampun kalampahan nindakaken Ijab-Qabul, rikala dinten Jumat Pon, 26 April 2024 mapan wonten Kantor KUA Kecamatan Wonogiri kanthi pinaringan Rahayu Wilujeng, nir ing sambikala, pikantuk berkahing Allah SWT.

Sak-lajengipun, ing wekdal punika kula sowanaken putra temanten kekalih. Kula pasrahaken dumateng Ibu Suparti sak kalawangsa, borong panjenengan bade nggula wenthah – murih lestari, widodo anggenipun jejodohan, mbangun bale wisma, mugi dados kulawarga ingkang Sakinah-Mawaddah wa Rahmah, pikantuk berkahing Allah SWT, tansah manggih bagya mulya sak lami-laminipun.

Minangka jangkeping tata-krami, kula ugi kinen hangaturaken sawetawis pisungsung ubo rampe, minangka tandha talining katresnan. Sanadyan mboten sepintena, mugi sageda hanambah raketing kekadangan ing antawisipun kulawarga Bapa Muji Nugroho saha keluarga Bapa Tono.

Ing wasana. Mboh bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kekirangan, saha anggen kula sowan sak-rombongan mboten rena ing panggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Nuwun. Billahittaufiq wal hidayah. Wassalamu alaikum warohmatullohi wabarokatuh


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA

Pengumuman dari desa untuk semua warga masyarakat, semoga menjadikan informasi dan pemberitahuan.

Kepala Desa
0000-00-00

0000-00-00

Setiap warga masyarakat tanpa terkecuali, dimohon untuk selalu menjaga kebersihan rumah dan lingkungan, agar selalu sehat.

0000-00-00

PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

, Kec.


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


0

488

646236

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
Sukamto Priyowiyoto, S.H.
  • Kepala Desa

post-title
Agung Susanto, S.E.
  • Sekretaris Desa

post-title
Sutanti
  • Kaur Keuangan

post-title
Dwi Hananti
  • Kasi Pemerintahan

post-title
Edi Suminto
  • Kaur Umum & Perencanaan

post-title
Hendra Setyawan, S.I.Pust.
  • KASI PELAYANAN

post-title
Setu
  • KADUS NGLEGONG, KOLOTOKO

post-title
Lagiyo
  • KADUS PRAMPELAN, KEMBANG & SOKOGUNUNG

post-title
Sari Retno Ningrum
  • KASI KESEJAHTERAAN MASYARAKAT